![]() |
| Kanca Jeonju |
![]() |
| Kanca Gwangju |
Ora krasa meh 1,5 taun nang Korea, wis ketemu kanca akeh temen. Nang kuta ping pisan jenenge Jeonju, kanca-kancaku biasane lebih muda karo aku. Nang kana aku kemasuk sing paling tuwa. Mbok dimaklum, biasane bocah sing nerima beasiswa kuwi biasane bocah-bocah muda sing bar lulus langsung lanjutna kuliah S2. Karena aku bar lulus kerja disit 2,5 warsa, Ditambah nang kuliah S1 ne ngulang, artine aku telat 3,5 warsa.
Nang kuta ping pindo kae kewalik, biasane mahasiswane wong kerja, sing wis dadi manager lajeng lanjutna kuliah maning. Nang kana aku kemasung sing muda wong biasane kancane 35-40 warsa umure.
Beda umur beda kelakuan. Karo kanca kuta ping pisan aku biasane dolan bilyar, jogging, basket kaya kuwe. Nah angger karo kanca nang Gwangju biasane mung mangan nang Bar. Ya beda temen dadine, tapi kanca nang kuta ping pindo kuwi apike temen, Nang ngendi bae wisata karo keluarga kanca kuwi. Siki rasane kados keluarga dewe.
--
Anton Hermansyah

